CONTOH DRAMA BASA JAWA DAN AMANAT


Pemeran :
Abram Hary B             : Maling 1
Betania A                     : Detektif 1
Dhimas Putra               : Maling 2
Dinda Febri A              : Madam Lavoisier
Dyah Fitrianingsih       : Caroline
Intan P                         : Bu Stefanie
Novi Salasa                  : Narator
Triana                          : Angeline
Ulil Albab                    : Bu RT
Yustiana Alif               : Detektif 2


                                                            TELO BEJO

Ing salasawijining desa kepencil, urip keluarga cilik sederhana. simbok karo anak lorone sing ayu-ayu, kinyis-kinyis, seng pertama nduweni jeneng Caroline lan kang kapindo nduweni jeneng Angeline. Saben dino ibuk kang katon rodok tua iku makarya ing sawah ngurusi tandurane. Sawetara Angeline isih lagi enak-enak leyeh leyeh ing pinggir sawah, Caroline sibuk nyiapne sarapan karo ibuke siap-siap makaryo neng sawah pinggir omah.
Caroline : “Hee, apa kuwi? Kok dowo? Kok gedi ? kok peteng ?” (diparani)
Angeline : “gedi???”
            Saking penasarane Caroline blayu-blayu sampek ora ngerti nak enek watu. Akhire sikile babras bundas, masio ngono bocahe jek iso mlaku.
Ibuke      : “Ana opo to nduk ?”
Caroline : “Niki lo Bu, kulo nemu telo ingkang ageng.” (duduhno)
Angeline : “wong telo ae kok heboh dek dek”
Ibuke      : “yowes, Nduk. Mengko gowonen mulih wae.”
Caroline : “Nggih, Bu.”
            Pas wes sampek omah, telone mau langsung diumbah karo anake. Moro-moro banyue sing digawe ngumbah telo mancarake cahya kang benter. Gak sengojo banyune nyiprat nang sikile bocah sing loro. Ora di songko-songko sing babras langsung mari.
Angeline : “Bu, banyune ajaib Bu, banyune ajaib.” (sumringah campur gumun)
Ibuke      : “Ana opo maneh to Nduk ?”
Caroline : “Niki lo Buk, sikil kulo sig babras wau sampun mari mergo kecipratan umbahan telo iki.”
Ibuke      : “Loh kok iso to Nduk, berarti banyune pancen ajaib.”
Saya suwe khasiate telo mau  nyebar nang panjuru dunya. Wong wong podo moro tuku banyu umbahane telo kanggo tombo amarga kui ibuke bocah mau malih sugih. Ana salah sijine warga sing iri marang ibune mau. Dheweke pengen nuku telone mau nganggo rego sing dhuwur.
Madam L : “aku kepingin nuku telomu, kowe njaluk piro tak wenehi”
Ibuke        : “telo niki mboten kula sade madam”
Madam L : “alah alah, gae opo telo koyo ngono kui, tak ijoli telung omah tingkat lan mobil sak njalukmu”
Ibuke        : “sepuntene madam, kula mboten saget”
Madam L : “delok en ae”
            Madam Lavoisier banjur ngongkon uwong kanggo maling telone Caroline.
Madam L : ”  Kowe kudu bisa njupuk telone Stefanie, yen ora kowe bakal mati nang tanganku ,lak kon kabeh iso ngintokake telo ne ,kon kabeh tak wenehi dhuwit sing ora bakal entek pitung turunan”
Maling 2    : “pie carane madam”
Madam L   : “renea tak bisiki, yo mikira!! Gae opo aku bayari kon”
            Maling loro kui mau banjur menyang omahe  Caroline. Pas bengi bengi anake metu dolanan ning njobo omah
Angeline : “alhamdulillah yo awakdewe wis sugih, wis ga mlarat koyo kae”
Ibuke      : “syukur marang gusti Allah nduk”
Caroline : “bu, kula dolanan nggeh”
Ibuke      : “iyo, nang emper wae ora usah nang endi endi”
Caroline : “nggih bu”
            Ngerti anake mau dolanan dewe an nang njobo, ana uwong sing nduweni niat jahat marang anake iku mau.
Maling 1 : “dhik mreneo tak paringi permen”
Caroline : “nggih mas, tak pamit ibuk”
Maling 1 : “ora usah dhik, aku mung maringi permen kok”
            Bocahe moro nyedeki wong kuwi mau. Banjur langsung digeret lan di bekep digowo lunga. Moro moro bocah kuwi mau wis ana ing gudang.
Caroline : “loh aku nang endi iki, engko lak digolek ibuk pie”
Maling 2 : “loh adhik e wis tangi, kok nangis”
Caroline : “aku ning endi, ibuku ndi”
Maling 2 :“wis nde kene ae mbe aku”
Caroline : “emoh aku pingin mulih”
Maling 1 : “yo kunu mulih o dhewe, lek pingin di pangan macan mboh kowe”
            Ing wayah iku maling 2 sms ibuke, dheweke omong lak anake di culik sontak ibune kaget lan maling e njaluk tebusan nganggo telo ajaib e.
Ibuke       : “loh pie lak ku balesi aku ga nduwe pulsa e, sik tak tuku nang bu RT (mlayu nang omahe bu RT)
Ibuke       : “bu RT bu RT, kula badhe tumbas pulsa cepetan bu”
Bu RT     : “sik ta sabar bu kok kesusu susu”
Ibuke       : “anak kula di gondol maling, kula badhe ne nelfon”
Bu RT   : “nggih sekedap kula isine. Pripun nek tak umumne ning warga sopo ngerti iso ngewangi goleki”
Ibuke       : “nggih bu suwun”
            Akhire bu RT nglumpuake warga lan ngumumne anak e ibu e mau d culik.
RT “woro..woro.. anak e bu Stefanie di culik, beknawa kon kabeh pethuk tolong di kabari ibu Stefanie ya. Sopo sing iso?”
Detektif 1 dan 2  : “kulo Bu RT” (ngacungno tangan)
Bu RT                 : ”Awakmu iso ye?”
Detektif 1             : ”loh kok ngenyek. Nggih saget to Bu”
Bu RT                  :”Tenane?”
Detektif 2             : ”yaiya dong”
Bu RT                  : ”Lo, sampean sampean iki kan bocah wedok. Mosok yo arep nantang maling?”
Detektif 1 : “saiki kan jamane emansipasi wanita dadi wanita iku sejajar karo wong lanang”
Detektif 2 : “dadi adewe kudu sandingan ambe maling kui mau?”
Detektif 1 : “bego lu”
Ibuke        :”wes wes ngene ae kepriye nak lapor polisi wae?”
Detektif 1 :”pun to bu, jenengan niku mboten usah ragu kalih kemampuane awakedewe”
Detektif 2 : “nggih bu, kito niki pun pengalaman”
Ibuke        : “yowes-yowes, trus piye iki ?”
Detektif 1 lan 2  : ” nggih pun, ayo langsung nang griyane jenengan mawon”

            Ibuke karo 2 pemuda mau moro nang omahe. Detektif loro kuwi mau lingak linguk, nyubo mbek menawa iso nemu tipake apa barang bukti gawe petunjuk nemoake anake ibuke mau. Pas goleki detektif 1 lan 2 nemoake permen lan pengen takon marang ibuke.

Detektif 1 : ”buk, paswayah iku anake nang ndi lan dolanan karo sopo?”
Ibuke        : ”la napo ye? Pas kuwi anakku dolanan dewe nak kene.”
Detektif 2 : ”pas kuwi deweke opo mangan permen ?”
Ibuke        : ” ora, iki napo to emange?”
Detektif 1 : ”ngene lo bu aku nemu bungkus permen nang kene.”
Ibuke        : ” lah tapi aku wingi ora nukokno permen i”
Detektif 1 : ”oalah bu berarti pas wayah dolanan dewe kuwi anake jenengan di paringi permen karo wong asing la bar kuwi langsung di bekep digowo lungo”
Ibuke       : ”lah trus digowo nang ndi anakku?”
     “oh iyo aku mau ditelpon karo malinge tapi durung tutuk omonge malah wis mati telpone”
Detektif 2 : ” oh iyo nek ngono mending ndang ditelpon balik lan jenengan tangklet malinge nangopo deweke nyulik anake jenengan”
Pas diomongi detektif 1 lan 2 ibuke langsung cepet-cepet buka hp lan goleki nomore malinge mau. Pas ketemu langsung dipencet hp ne.
Maling : ”halo bu, piye kabare?”
Ibuke   : ”kabare-kabare mbahmu” (nyentak)
            “ndi anakku! Napo anakku mbok gondol ra omong-omong?”
Maling  : ” loh jenengan pripun to bu, lha wong kulo niku maling og kudu omong. Nak omong yo dudu..................?”
Ibuke      : ”wis wis ojo omong ae, balikno anakku.”
Maling    : ”oo, ngko sek , ana syarate buk.”
Ibuke      : ”la nyapo kok gowo syarat-syarat barang. Wong anak-anakku. Aku sing susah-susah nglairno, gedekno dewe mosok kudu nglakoni syarat gawe.....?”
Maling    : ”wis-wis kok malah curcol. Pokok syarate aku pengen anakmu mbok ijoli karo telo ajaibmu”
Ibuke      : ”la dikirane anakku opo dagangan ye, iso di ijol-ijoli”
Maling    : ”yo mbuh syarate pokoke kuwi, nek emoh yo ndelok o dewe nasibe anakmu. Pokok nak iso sesok gowo o telomu ning gang dalan benjut, dewe ojo ngejak bolo opo maneh polisi nak pengen anakmu slamet.”
Tuuut....tut.....tuuuuut
Ibuke   : ”lo lo kok dipateni. Piye to.”
Saking ngelune ibuke kuwi gak iso ngontrol emosine lan nesu-nesu karo detektif 1.
Ibuke   : ”yowes-yowes ndang muliho, ngelu aku mikir anakku ora mari-mari.”
Detektif 1 :”ojo nesu-nesu to buk, ngko ayune ilang lo.”
Ibuke     : ”wes gak usah njarak tak balang sandal kapok we ngko.”
Detektif : ”haha wedi aku.” (blayu)
Ibuke      : ”oh iyo sesok sore moro o ndek dalan benjot jarene mau malinge jaluk tebusan ndek kono.”
Detektif : ”nggih bu”
            Sampe ning dalan benjot kuwi mau detektif karo maling e adu bacok Caroline mung mlongo nyawang kuwi. Gang dilut ibune teko gowo telo.
Ibu           : “setooop! Aku wis gowo telone balekno anak ku”
Maling 1  : “ ndi buktine”
Ibuke       : “nyoh”
Maling 2  : “wih gedine ngluwihi anuku”
Maling 1  : “anu apane?”
Maling 2 : “teloku nang omah bray”
            Maling loro kui mau gowo telone nang Madam Lavoisier. Ujuk ujuk warna lan bentuke berubah.
Madam L : “telo koyo ngene ajaib”
Maling 1 : “mau gedi i madam”
Madam L : “gedi gedi anumu wi, delokin iki”
Maling 2 : “iyo i”
Madam L : “sik njajal tak cemplungne ning banyu”
                        “loh kok butek, jajalen ling”
Maling 1 : “kok aku? Lak aku mati pie?”
Maling 2 : “kowe mati sing ape golek i lo sopo mblo”
            Banyu kuwi mau diombe karo malinge, akhire malinge kejet kejet lan Madam Lavoisier nesu tenanan. Nyumpahne keluargane Caroline dadi mlarat tibakno sing dadi mlarat dheweke.    
Amanah :
-          dadi uwong ojo syirikan
-          ojo gampang percoyo karo barang gaib
-          syukuri kang di paringi gusti Allah
-          ojo gampang nyentak wong liya
-          ojo dadi wong serakah
-          saling nolong sesami


SHARE? COPY? LIKE AND COMENT YA. HAK CIPTA BRO hehe.. bhayy


Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH TEKS IKLAN BESERTA STRUKUR, KAIDAH KEBAHASAAN, FAKTA DAN OPINI

CONTOH PROPOSAL